Rabu, 04 Mei 2011

Mbesuk lak isih ana..

Suryamu tak delok kanti gemes,
Nengapa kok eluhmu tansah mili neng pipimu?
Le, bocah bagus, lilanana lakuning ndonya
Miturut kersane Sing Kuwasa.

Apa to artine kesusahan?
Rikala koe ngerti, kabeh bakale ilang?
Le, bocah bagus, lilanana lakuning ndonya
Miturut kersane Sing Kuwasa..

Gusthi yo pirsa urip pancen abot,
Nanging, titah ra mungkin bakale padha..
Coba cobanen lalekna sedhela karepmu,
Mbesuk lak.... isih ana....
Mbesuk lak.... isih ana....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar